(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Préfèktur Fukui - Wikipédia

Préfèktur Fukui

Cithakan:Prefektur Fukui Préfèktur Fukui (福井ふくいけん Fukui-ken?) inggih punika prefektur Jepang ingkang mapan wonten Wewengkon Chubu, Pulo Honshu [1]. Kutha krajanipun kutha Fukui.

Peta Prefektur Fukui


Fukui Prefecture
福井ふくいけん
Prefecture
Trankripsi Japanese
 • Japanese福井ふくいけん
 • RōmajiFukui-ken
Gendéra Fukui Prefecture
Gendéra
Official logo of Fukui Prefecture
Symbol
Location of Fukui Prefecture
CountryJapan
RegionChūbu (Hokuriku)
IslandHonshū
CapitalFukui
SubdivisionsDistricts: 7, Municipalities: 17
Pamaréntahan
 • GovernorTatsuji Sugimoto
Laladan
 • Gunggung4,190,49 km2 (1,61.796 sq mi)
 • Urut laladan34th
Cacah warga (June 1, 2017)
 • Gunggung778,943
 • Urut pepadhet43rd
 • Pepadhet185,95/km2 (48,160/sq mi)
Kodhe ISO 3166JP-18
Situs wèbwww.pref.fukui.jp/english/ Cithakan:Infobox region symbols

Sajarah

besut

Sadèrèngipun prefektur punika kadhapuk nalika taun 1871, Fukui kala punika kapérang dados Provinsi Wakasa lan Provinsi Echizen. Nalika Periode Edo, daimyo wewengkon punika gadhah nama kulawarga Matsudaira ingkang kalebet keturunan saking Tokugawa Ieyasu.

Géografi

besut

Prefektur punika madep dhateng Laut Jepang lan gadhah pérangan kilèn (rumiyinipun Wakasa) ingkang kalebet dhataran sempit ing antawisipun pagunungan lan sagara. Lajeng ing pérangan wétan langkung ageng (rumiyinipun Echizen) kanthi dhataran ingkang langkung wiyar kalebet kutha krajan lan papanipun sapérangan penduduk.

Kutha-kutha

besut

Kutha alit lan désa

besut

Wonten ing ngandhap punika kalebet kutha alit lan désa ing distrik.

Panggabungan

besut

Panggabungan kutha alit Echizen

besut

Nalika 1 Fèbruari 2005 kalih kutha alit lan désa ing Distrik Nyu kagabung kaliyan kutha ingkang sampun wonten sadèrèngipun, Echizen: Asahi, Miyazaki, lan Ota.

Panggabungan Minamiechizen

besut

Tanggal 1 Januari 2005 sadaya kotamadya ing Distrik Nanjō (satunggaling désa lan kutha alit) kagabung damel kutha énggal kanthi nama Minamiechizen: Imajo, Kana, lan Nanjo.

Panggabungan Awara

besut

Ing 1 Maret 2004 kalih kutha alit ing Distrik Sakai kagabung damel kutha énggal mawi nama Awara: Ashihara lan Kanazu.

Ékonomi

besut

Dhémografi

besut

Kabudayaan

besut
  • Ing Prefektur Fukui wonten Astana Maruoka ingkang dados astana paling tuwa ingkang taksih wonten ing Jepang. Astana Maruoka punika dipunyasa nalika taun 1572.
  • Eihei-ji punika kuil ingkang ayem lan nawekaken gladhenan lan pendidikan kanggé biksu. Madeg déning Dogen Zenji taun 1244, kuil punika mapan wonten ing lemah kanthi wiyar kirang langkung 330.000 m².
  • Kathah fosil dinosaurus kapanggihaken nalika ngedug ing Prefektur Fukui lan asilipun saged dipuntingali wonten ing Musiyum Dinosaurus Fukui.
  • Penduduk Prefektur Fukui micara mawi Basa Jepang dhialèk Fukui.

Pariwisata

besut

Cathetan suku

besut
  1. Mengenal Prefektur di Jepang Archived 2012-12-10 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 21 Fèbruari 2013)
  2. Prefektur Fukui, (dipunakses tanggal 21 Fèbruari 2013)

Pranala njawi

besut

Cithakan:Fukui