Kairo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kairo
القـــاهـــرة
Gendéra Kairo
Gendéra
Pamaréntahan
 • GubernurDr. Abdul Azim Wazir
Cacah warga (2006)
 • City15,907,000
 • Urban8.250.000
 • Métro17,856,000 [1]
Zona wektuEET (UTC+2)
 • Usum panas (DST)EEST (UTC+3)
Situs wèbhttp://www.cairo.gov.eg/C15/C8/EHome/default.aspx
Kairo ing Mesir.

Kairo, ing basa Arab: "القاهرة", lan dialihaksarakaké kaya al-Qāhirah, iku kutha krajan Mesir.

Tlatah Kairo Raya kang ndunungi kurang luwih 16 yuta jiwa..[1] Kairo iku kutha metropolitan kang paling akèh kang ndunungi nomer 16 ing donya, lan paling akèh nomer siji ing Afrika.[2] Kutha iki siji-sijiné kutha Afrika kang nduwé sistim metro. Déning warga lokal, kutha iki diarani Misr utawa Masr, jeneng nagara iki.

Kutha Kairo tinemu taun 969 minangka tlatah Kalifah Fatimid, lan kutha krajan ékonomi lan administratif kang sabeneré yaiku kutha ing sacedhaké: Fustat. Sawisé Fustat ambruk ing taun 1168/1169, kanggo nyegah supaya ora karebut déning para Satriya Perang Salib Kristen Éropah (Crusaders), kutha krajan administratif Mesir banjur dialihaké menyang Kairo nagnti saiki.

Sajarah Kairo[besut | besut sumber]

Al-Fostat, tinemu taun 751 cedhak kutha-kutha Mesir liyané, kalebu kutha krajan lawas Memphis, Heliopolis, Giza lan bètèng Byzantine ing Babylon-ing-Mesir. Fustat sajatiné diyasa minangka kutha anyar kanggo garnisun militèr wadyabala Arab lan minangka lokasi punjer kang paling cedhak saka Arabia kang bisa diaksèd liwat Kali Nil. Fustat dadi punjer regional Islam sajeroning kalamangsa Umayyad lan panggonan pungkasan pemimpin Umayyad, Marwan II, ngadhepi kaum Abbasid. Sabanjuré, sajeroning jaman Fatimid, Al-Qahira (Kairo) ing sa-lor-é Fustat, kanthi resmi didadèkaké kutha krajan ing taun 969. Atusan taun, Kairo tuwuh lan nyerep kutha-kutha lokal liyané kaya déné Fustat, nanging taun 969 dianggep "taun madeg" minangka kutha modhèren.[3]

Ing taun 1250, para wadya batur tukon Mamluks nguwasani Mesir lan mimpin saka kutha krajan Kairo nganti taun 1517, yaiku nalika dikalahaké déning Ottoman. Wadya Napoleon saka Prancis tau nguwasani Mesir sedhéla, yaiku taun 1798 nganti 1801, sawisé iku perwira Ottoman, Muhammad Ali ndadèkaké Kairo kutha krajan Kraton swatantra wiwit taun 1805 nganti 1882. Kutha iki sabanjuré tiba ing panguwasané Inggris nganti Mesir mardika ing taun 1922.

Géografi[besut | besut sumber]

Kairo dumunung ing gisik lan pulo (dhèlta) Kali Nil ing Mesir sisih lor, sakidulé titik pamisahan Kali Nil ninggal tlatah ara-ara lan pecah dadi loro.

Pérangan kutha lawas dumunung ing sisih wétan kali. Saka kana, kutha iki nyebar mangulon, ngubengi tlatah tetanèn ing gisiking Kali Nil. Tlatah sisih kulon iki, diyasa niru kutha Paris déning Ismail Agung ing tengahan abad angka 19, ditandhani anané

Kutha kembar[besut | besut sumber]

Wacan terusan[besut | besut sumber]

  • Artemis Cooper, Cairo in the War, 1939-1945, Hamish Hamilton, 1989 / Penguin Book, 1995. ISBN 0-14-024781-5 (Pbk)
  • André Raymond, Cairo, trans. Willard Wood. Harvard University Press, 2000.
  • Max Rodenbeck, Cairo – the City Victorious, Picador, 1998. ISBN 0-330-33709-2 (Hbk) ISBN 0-330-33710-6 (Pbk)
  • "Article: Rescuing Cairo's Lost Heritage - Islamica Magazine, Issue 15, 2006". Diarsip saka sing asli ing 2007-04-02. Dibukak ing 2006-12-06.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Demographia.com.
  2. Tantangan tuwuhing padunung ing kutha Kairo Archived 2010-10-04 at the Wayback Machine..
  3. Irene Beeson (September–October 1969). "Cairo, a Millennial". Saudi Aramco World. kc. 24, 26–30. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-30. Dibukak ing 2007-08-09.{{cite web}}: CS1 maint: date format (link)

Pranala njaba[besut | besut sumber]