(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Réaksi Rédhoks - Wikipédia Menyang kontèn

Réaksi Rédhoks

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 12 Juni 2017 08.30 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (Bot: Panggantèn teks otomatis (-\bCathetan Suku\b +Cathetan suku))

Réaksi Rédhoks ya iku réaksi oksidhasi lan réaksi rédhuksi kang kedadéyané bareng ing prosés métabolisme sèl.[1] Réaksi oksidhasi iku réaksi kang nglibatna okigén nganggo cara nguculaké éléktron saka atom utawa senyawa siji.[1] Réaksi rédhuksi ya iku réaksi kang ngelibatna oksigén kang carané nambahaké éléktron saka atom utawa senyawa siji.[1] Réaksi rédhoks iku uga bisa dijléntrehaké kaya mangkéné: yén éléktron dipindhahaké saka molekul dadi pengawéh (dhonor) éléktron mula ana molekul liya kang dadi akséptor utawa kang nampa éléktron.[1] Dhonor éléktron iku dadi molekul kang kaoksidhasi lan akséptor kang dadi molekul kang karédhuksi. Umumé réaksi rédhoks kang kedadéyan ing sel iku réaksi kang uga ndadékaké anané pindhahé éléktron ing rupa hidrogén (H+) kang ana protoné (e-) siji.[2] Ana loro koénzim kang wigati ing métabolisme sèl kang tugasé nggawa éléktron (electron carrier) ya iku koénzim Nikotinamid Adenin Dinukleotida (NAD) lan Flavin Adenin Dinukleotida (FAD).[2] Yen énzim Nikotinamid Adenin Dinukleotida dirédhuksi dadi molekul NADH2 maka loro éléktron (H2+) lan proton (e-) siji bakal ditambahna ing molekul NAD dadi NADH2.[2] Ing prosés pindhahé éléktron iku ing seri utawané terus-terusan bakal ngasilaké énèrgi dhuwur ing rupa ATP kang wis siap dienggo déning sèl.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d (Kistinnah, I., Lestari, E.S. (2009)." Biologi 3: Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XII (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.43)
  2. a b c d (Kistinnah, I., Lestari, E.S. (2009)." Biologi 3: Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XII (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.44)