(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Nasi lemak - Wikipédia Menyang kontèn

Nasi lemak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nasi lemak, yaiku sega gurih lan wangi sing dimasak nganggo santen, diladekake karo sambal cumi, sambal teri, lan teri kacang, separo  endhog pitik godhog, irisan timun.

Nasi lemak  yaiku jinis panganan khas Melayu kang umum ditemokake ing Malaysia ing ngendi sajian iki dianggep minangka salah siji saka sajian nasional,[1] lan Indonesia (mligine ing Riau lan Kepulauan Riau). Sajian iki uga bisa ditemokaké ing Singapura lan Brunei. Panganan iki biasane diladekake kanggo sarapan  esuk.

Nasi lemak iku nuduhake sega sing dimasak kanthi nggunakake santên klapa kanggo menehi rasa gurih. Kadhangkalagodhong pandan dilebokake nalika sega lemak dimasak kanggo nambah ambu. Tembung lemak ing Basa Melayu utawa lamak ing Basa Minangkabau kanggo rasa lan tektur  gurih nglenga sing diasilake santên klapa sing ngetokake isi lemak nabatine menyang sega sing lagi masak. Sir R. O. Winstedt wis nulis bab "nasi lemak" ing Malaysia ing bukune "The Circumstances of Malay Life Kahanan Melayu Urip - 1909".[2]

Rujukan

  1. "Nasi Lemak, Food - Malaysia". malaysia.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-02-15.
  2. Winstedt, Sir Richard Olof; Winstedt, Richard (1909). The Circumstances of Malay Life (ing basa Inggris). AMS Press. ISBN 9780404168827.