(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Denada - Wikipédia Menyang kontèn

Denada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Denada
Denada
Latar wuri
Jeneng lair Denada Elizabeth Anggia Ayu Tambunan
Lair (1978-12-19) Dhésèmber 19, 1978 (umur 45)
Indhonésia Jakarta, Indonesia
Jinis Musik Pop, R&B, rap, hip hop, dangdut
Pakaryan Penyanyi, aktris, penari
Parusahan rekaman Mercury (Jogjakarta)
Wong tuwa Emilia Contessa

Denada Elizabeth Anggia Ayu Tambunan biyasa diundang kanthi jeneng Denada (lair ing Jakarta, 19 Dhésèmber 1978; umur 45 taun). [1]Denada iku salah sijiné penyanyi lan aktris kang asalé saka Indonesia. [1] Denada iku anak wadon kang sepisanan saka pasangan Emilia Contessa, penyanyi kang misuwur nalika taun 1970-an lan pejabat Rio Tambunan . [1]Wiwitané Denada iku penyanyi pop kang banjur njupuk spesialisasi rap. [1] Ananging akir-akir iki, Denada malah dadi penyanyi dangdut. [1] Album kang tau digawé Denada yaiku Kujelang Hari, Jam satu Lewat, Denada dan Ma...E... [1] Denada uga tau diarani Lady Rapper.[2]

Wiwitae Denada misuwur kanthi rapper kang misuwur ing Indonesia nalika wiwitan taun 1990-an. [1] Denada banjur ninggalaké kariré dadi rapper kanggo nutugaké pendhidhikan ing Australia. [1] Sawisé mbalik saka Australia, Denada mbalik manéh ing donyaning musik ananging pindah aliran musik dadi musik dangdut. [1] Lagu-lagu dangduté Denada kalebu lagu kang misuwur lan kalebu dadi lagu unggulan ing akeh penghargaan musik kayata Anugerah Musik Indonesia lan Penghargaan MTV Indonesia nalika taun 2005. [1] Saliyané wong iku, wadon iki tau sekolah ing Australia lan akting ing sinetron. Sinetron kang tau dibintangi Denada kayata "Hari-hari Mau", "Nyari Bini", "Rahasia Ilahi", lan "Cahaya Surga".[1]


Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k (ing basa Indonésia)selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
  2. (ing basa Indonésia)tokohindonesia.com(dipunundhuh tanggal 5 September 2011)