Aaron Kwok
Aaron Kwok | |
---|---|
![]() | |
Pratélan latar wuri | |
Jeneng lair | Aaron Kwok Fu-Shing ( |
Paraban | Kwok Fu-Shing |
Saka | ![]() |
Génre | Cantopop, dansa |
Pakaryan | Penyanyi, aktor |
Piranti | Vokal |
Mangsa akarya | 1990-sekarang |
Labèl | Warner Music Group Music Nation (2006–sekarang) |
Sana jaringan | Situs resmi di Aaron Kwok |
Aaron Kwok Fu-Shing (Hanzi tradhisional:
Penampilan kaping pisanané, bisa dideleng nalika taun 1988 ning filem kang judhulé THE BIG HEAT.[1] Dhèwèké dadi penyanyi kondhang kang wis menangaké atusan panghargaan musik, ora namung iku, dhèwèké uga wis mainaké punjul 200 konser awit dhèwèké njegur ning dunya hiburan, nalika konseré tiketé mau entek didol, wiwit nalika konser ning Hong Kong, China lan nagara-nagara liyané.[1]
Saliyané ning dunya musik, Aaron uga nekuni babagan dunya otomotif.[1] Ora namung dadi penyanyi, dhèwèké uga duwé profesi liyané.[1] Dhèwèké aktif uga dadi pembalap amatir lan kolektor mobil sport.[1] Dhèwèké tau meluni ajang lomba balapan Ferrari F355 ning Makau Grand Prix, nalika ngeramekaké salah sijining acara amal kampus.[1] Pengalaman balapan liyané ya iku nalika Piala Asia Porsche Carrera, dhèwèké migunakaké mobil tipe Porsche 911 GT3.[1]
Nalika sasi April taun 2010 Aaron ngetokaké filem anyaré, kang diwènèhi judhul THE ERA OF MAGIC.[1] Ing filem iki Aaron mainaké peran bebarengan karo Zhang Zi Yi, Zhang meranaké pasangan kang duwé lelara Aids.[1] Ing gayutan asmarané, Aaron dikabarké duwé gayutan mirunggan karo aktris ayu Lynn Xiao Dai Ling.[1] kaloroné ketemu ing set penggawéan video klip Aaron kang dibintangi Ling.[1]
Ing dina Kamis, tanggal 01 April 2010, Zhang Ziyi lan aktor Hong Kong Aaron Kwok arep dipasangké ing filem anyaré arahané sutradara Gu Changwei.[2] Film duwé kang judhulé THE ERA OF MAGIC iki lan meranaké pasangan kang duwé lelara AIDS.[2]
Film iki dijukut saka novèl kang ceritané cinta tragis 2 penderita AIDS.[2] Ing kéné Kwok meranaké guru SD kang dikirim saka kutha gedhé ing désa.[2] Dhèwèké dadi penderita AIDS lan ketemu karo karakter Ziyi, kang padha-padha dadi pasièn AIDS.[2] Gu Changwei manthep Ziyi cocog kanggo karakter filem iki metu saka skandal anyar kang nimpa aktris China mau.[2] Sutradara yakin Ziyi nggawa fileme ing box office.[2]
Bojone Gu, aktris Jiang Wenli dicasting kanggo pemeran pembantu.[2] pirang bintang liyané kang njurung filem iki, Pu Cunxin, Cai Guoqing, Li Xuejian lan Li Danyang, kabèh mau dadi ambassador kampanye anti-AIDS.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |