Asem absisat
Asam absisat | |
---|---|
Asam [S-(Z,E)]-5-(1-Hidroksi-2,6,6 -trimetil-4-okso-2-sikloheksen-1-il)-3-metil-2,4-pentanadienoat[1] | |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [21293-29-8] |
PubChem | |
SMILES | O=C1\C=C(/[C@](O)(\C=C\C(=C/C(=O)O)C)C(C)(C)C1)C |
InChI | 1/C15H20O4/c1-10(7-13(17)18)5-6-15(19)11(2)8-12(16)9-14(15,3)4/h5-8,19H,9H2,1-4H3,(H,17,18)/b6-5+,10-7-/t15-/m1/s1 |
Sifat | |
Rumus molekul | C15H20O4 |
Titik leleh |
160 °C, 433 K, 320 °F |
Titik umob |
120 °C (menyublim) |
Kelarutan | bisa nyampur ing aseton, EtOH lan CHCl3 |
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
Asam absisat ya iku molekul seskuiterpenoid (duwé 15 atom karbon) kang minangka salah sawijining hormon tuwuhan.[2] Saliyané dihasilake kanthi alami déning tuwuhan, hormon iki uga diasilake déning alga hijau lan cendawan.[2] Hormon iki tinemu ing taun 1963 déning Frederick Addicott. Addicott kasil anggoné ngisolasi senyawa abscisin I dan II saka tuwuhan kapuk.[2] Senyawa abscisin II besukke diarani asem absisat, disingkat ABA[2]. Ing wektu kang pada, rong golongan peneliti liyané kang padha-padha dibawahi Philip Wareing lan Van Steveninck uga nindakaké panaliten tumrap hormon mau.[2]
Fungsi
[besut | besut sumber]Asam absisat duwé peran wigati ing wiwitan (inisiasi) dormansi wiji.[3] Ing kaanan dorman utawa lèrèn ora ana pertumbuhan lan aktivitas fisiologis mandeg sawatawis.[3] Prosès dormansi wiji iki wigati gasupaya wiji ora dadi taoge sadurungé wektu kang dikarepake.[3] Hal iki mligi banget mbutuhake ing witwitan taunan lan tumbuhan dwimusim kang wijine mbutuhake cadangan panganan ing wayah rendheng utawa ing wayah katiga.[3] Tuwuhan gasilake ABA kanggo maturasi wiji lan njaga wiji supaya dadi taoge ing wayah kang dipengeni.[3]