(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Daimyo - Wikipédia Menyang kontèn

Daimyo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Daimyō (大名だいみょう?) punika asalipun saking tembung Daimyōshu (だい名主なぬし? kepala kulawarga ingkang kinurmatan) ingkang ateges tiyang ingkang gadhah prabawa ageng wonten ing satunggaling wewengkon. Wonten ing masarakat ing Jepang, istilah daimyō dipun-ginakaken kanggé samurai ingkang gadhah hak saking lemah ingkang wiyar (tuan tanah) lan gadhah kathah bushi minangka pendherek.

Daimyo ingkang sowan dhateng astana, gambar saking buku "Sketches of Japanese Manners and Customs"