Kaisar Zhengde
![](https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c7/%E6%98%8E%E6%AD%A6%E5%AE%97.jpg/250px-%E6%98%8E%E6%AD%A6%E5%AE%97.jpg)
Kaisar Zhengde (Hanzi:
Pamaréntahan[besut | besut sumber]
Zhengde olèh gelar dadi putra makutha nalika taun 1492.[1] Dhèwèké dadi kaisar nalika taun 1505 sawisé bapake mangkat, lan dhèwèké njenengi rezime karo jeneng Zhengde.[1] Dhèwèké duwé mènèhi kapercayan karo pejabat-pejabat korup lan duwé wong wadon simpenen kang akèh ana ing pura mburi.[1] Zhengde akèh ngentèkaké wektune kanggo dolanan wong wadon.[1] Sawisé bosen karo wong wadon kang ana ing njero pura, dhèwèké mènèhi prentah marang pasukane kanggo nggawakake wong wadon saka Asia Kulon lan Tengah.[1] Sawisé ngrasa bosen, banjur dhèwèké njaluk wong wadon kang ana ing omahé pejabat-pejabate kanggo digawa marang awake.[1] Sawijining pejabat kang jenenge Ma Ang duwé adhi kang pinter nari lan nyanyi.[1] Dhèwèké pisah karo bojone banjur menehake awake marang Zhengde.[1] Ma Ang banjur dipromosikake amarga prakara iki.[1] Zhengde kang uga alkoholik iki sok pista ana ing omahé Ma Ang.[1] Sawijining dina dhèwèké kapéncut marang sawijining gundik Ma Ang, kang sabanjuré dipersembahake kanggo dhèwèké.[1] Perkara iki nyebabake seduluré lanang Ma Ang dipromosikake.[1] Kala-kala dhèwèké uga metu saka pura kanggo pakean kang biyasa lan dikancani déning kasim lan pengawale kanggo golèk wong wadon ayu.[1] Zhengde ngadopsi 100 anak angkat kang kabehane dijenengi marga Zhu.[1]
Pranala njaba[besut | besut sumber]
Cheng Qinhua, Tales of the Forbidden City, Bejing: Foreign Languages Press, 1997.
Didhisiki déning: Kaisar Hongzhi |
{{{jabatan}}} (Dinasti Ming) 1505-1521 |
Diganti déning: Kaisar Jiajing |
Cathetan suku[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |