Kapuloan Bonin
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
KapuloanOgasawara | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Alam |
Wewaton | ix |
Rujukan | 1362 |
Tlatah UNESCO | Asia-Pasifik |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 2011 (Sési ke-35) |
KapuloanBonin (
Istilah KapuloanOgasawara (
Nalika 1 Dhésèmber 2012, total populasi Désa Ogasawara dipunprakirakaken antawis 2.905 tiyang. SApérangan ageng penduduk dumunung ing Chichi-jima lan salangkungipun wonten ing Haha-jima.
Kapuloan Ogasawara boten naté dados péranganing bawana, saéngga sapérangan ageng flora lan fauna ngalami prosès evolusi piyambak. Amargi punika, pulo punika jejuluk "Galapagos saking Wétan", lan sampun dipunnominasikaken minangka Situs Warisan Donya UNESCO nalika 24 Juni 2011.[1] Nus raksasa (génus Architeuthis) ingkag kapisanan suksés dipunfilmaken ing laut bébas Kapuloan Ogasawara nalika 27 September 2005, lan saged dipuntangkep nalika Dhésèmber 2006.[2]
Radio teleskop kanthi diameter 25m dipunpasang ing Chichijima. Radio teleskop punika inggih salah satunggal stasiun proyek VERA (VLBI Exploration of Radio Astrometry), lan dipunoperasikaken déning Observatorium Astronomi Nasional Jepang.
Géografi lan Administrasi
[besut | besut sumber]Kapuloan Bonin kasungsun saking tiga subgrup, kalebet pulo-pulo utama.
- KapuloanMuko-jima (
聟島列島 Muko-jima Rettō), rumiyin dipunsebut Kapuloan Parry;- Muko-jima (
聟島 , teges barès: Pulo Pinangantén Kakung); - Yome-jima (
嫁島 , teges barès: Pulo Pinangantén Putri); - Nakōdo-jima atau Nakadachi-jima (
媒島 , teges barès: Pulo Comblang); - Kita-no-jima (
北 ノ島 atau北島 , teges barès: Pulo Utara);
- Muko-jima (
- KapuloanChichi-jima (
父島列島 Chichi-jima Rettō), rumiyin Kapuloan Beechey;- Chichi-jima (
父島 , teges barès: Pulo Bapak) (pulo utama/rumiyin: Pulo Peel); - Ani-jima (
兄島 , teges barès: Pulo Kakang kakung) (Pulo Hog/Pulo Buckland); - Otōto-jima (
弟島 , teges barès: Pulo Rayi Kakung) (Pulo North/Pulo Stapleton)
- Chichi-jima (
- Kapulauan Haha-jima (
母島列島 Haha-jima Rettō), rumiyin Kapuloan Baily;- Haha-jima (
母島 , teges barès: Pulo Ibu); - Ane-jima (
姉島 , teges barès: Pulo Mbakyu Putri) lan; - Imōto-jima (
妹島 , teges barès: Pulo Rayi Putri).
- Haha-jima (
Kanthi administratif, Kapuloan Volcano, Nishinoshima (Pulo Rosario), Okinotorishima (Parece Vela), lan Minamitorishima (Pulo Marcus) sapunika kalebet wewengkon munisipalitas Ogasawara. Nanging kanthi géografis, wiwit rumiyin boten dipunanggep minangka péranganing Kapuloan Bonin ingkang namung nyakup pulo-pulo kados ta Mukojima, Chichijima, lan Hahajima.[3] Dhéfinisi historis Kapuloan Bonin (Ogasawara Guntō) boten sami persis kados dhéfinisi Pamaréntah Jepang.[4]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Japan Times. "Ogasawara Islands Join World Heritage family". Diarsip saka asliné ing 13 July 2012. Dibukak ing 20 Januari 2013.
- ↑ "Japanese Researchers Capture Giant Squid". Fox News. 2006-12-22. Dibukak ing 2013-01-20.
- ↑ Freeman, Otis W. (1951). Geography of the Pacific, pp. 229-235.
- ↑ "Bonin Islands," Encyclopædia Britannica. Dipunakses 20 Januari 2013.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- (ing basa Jepang) Desa Ogasawara (Japanese)
- (ing basa Jepang) Ogasawara Channel
- (ing basa Jepang) Waseda University — Hayashi Shihei. (1785).
三 国 通覧 図説 (Sangoku Tsuran Zusetsu)
Cithakan:World Heritage Sites in Japan Koordhinat: 26°59′53″N 142°13′05″E / 26.99806°N 142.21806°E