Konnyaku
Konnyaku | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Monocots |
Ordho: | Alismatales |
Famili: | Araceae |
Subfamili: | Aroideae |
Tribe: | Thomsonieae |
Génus: | Amorphophallus |
Spésies: | A. konjac |
Jeneng binomial | |
Amorphophallus konjac K. Koch | |
Sinonim | |
A. rivieri |
Konnyaku (Amorphophallus konjac; Basa Inggris: konjac; Jepang:
Sajarah
[besut | besut sumber]Konnyaku kapisan dipuntepangaken déning bangsa Jepang minangka jampi nalika abad kaping lan sampun dados dhaharan padintenan kirang langkung 1500 taun.
Mupangat lan budidaya
[besut | besut sumber]Konnyaku punika tuwuh wonten ing India, Cina, Jepang, lan Koréa. Uwinipun ngandhut kathah pati ingkang dipundamel glepung lan jeli kanthi nama ingkang sami. Prouk punika déning para vegetarian dados gantosipun gelatin. Konnyaku Jepang dipundamel kanthi cara nyampur glepung konjak kaliyan toya lan toya kapur. Hijiki asring dipuntambahaken minangka karakterisitik warna peteng lan raos. Tanpa aditif kanggé warna, konnyaku punika putih pucet. Lajeng dipungodhog lan dipundhemake kanggé damel rasa sansaya kuwat. Konnyaku dipundamel kanthi wujud mi punika dipunsebat shirataki (pirsani mi shirataki) lan dipun-ginakaken wonten ing dhaharan kados sukiyaki lan gyudon. Konnyaku dipunkonsumsi ing wewengkon provinsi Sichuan Cina; ingkang uwi moyu dipunsebat(
Cara damel konnyaku
[besut | besut sumber]Prosès anggènipun damel konnyaku murni, gampil lan boten ngasilaken polusi. Uwi konnyaku dipunkumbah lajeng dipuntugel-tugel. Bibar punika uwi mau dipunpépé dumugi garing lajeng dipuntutu dumugi alus dados glepung. Tepung punika lajeng dipuncampur kaliyan toya lan dipunudhak. Sasampunipun dipunudhak dumugi rata, konnyaku dipunlebetaken ing cithakan lan dipungodhog. Wonten ing masakan Jepang, konnyaku medal wonten ing sajian kados Oden.
Asiling panalitèn
[besut | besut sumber]Konnyaku punika kalebet dhaharan alami ingkang ngandhut toya (97%) lan glukomanan utawi serat dhaharan. (3%) Konnyaku ugi kathah mineral lan andhap kalori. Konnyaku ugi boten ngandhut lemak [2]. Satunggaling studi nedahaken bilih konnyaku saged mbiyantu njagi kasarasan. Konnyaku boten saged dipuncerna déning sistem pancernaan, awit saking punika konnyaku ingkang kenyal punika saged mbiyantu ngresiki regedan saking sisa-sisa dhaharan ingkang wonten ing sajeroning usus ageng saéngga nyingkiri sembelit.tidak dapat mudah mengalami sembelit.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Konyaku Menyapu Saluran Cerna Archived 2012-07-13 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 2 Maret 2013)
- ↑ Manfaat Konnyaku, (dipunakses tanggal 2 Maret 2013)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Amorphophallus konjac. |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Konnyaku. |