(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Marini - Wikipédia Menyang kontèn

Marini

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Marini
LairSoemarini Soerjosoemarno
Pakaryanaktris
BojoTinton Soeprapto (pegatan)
Idris Sardi (pegatan)
Didi Abdulkadir Hadju (pegatan)
AnakSaking palakraminipun kaliyan Didi Abdulkadir Hadju: Shelomita Sulistiany
Reuben Elishama

Kanjeng Raden Ayu Soemarini Soerjosoemarno sapunika langkung misuwur kanthi nama Marini Sardi (lair ing Malang, 2 Novèmber 1947; umur 76 taun).[1] Marini punika salah satunggaling penyanyi ingkang sampun tampil wonten ing panggung saha ing layar TV wiwit taun 1960-an.[2] Marini ugi sampun kathah ndamel album.[2] Kajawi dipunrekam wonten ing Indonésia albumipun punika ugi wonten ingkang dipunrekam wonten ing manca nagari kados ta direkam wonten ing Polydor, Philips, EMI ing Singapura, Tokyo, saha Kuala Lumpur.[2] Marini Sardi punika bintang akting Indonésia ingkang misuwur nalika taun 1975-an.[2]

Marini punika putrinipun pasangan Soerjosoemarno, salah satunggaling tokoh Mangkunagaran, saha Dolly Zegerius, kenya Walanda katurunan Yahudi.[2] Marini punika sedhèrèk saking aktivis Yapto Suryosumarno.[1] Marini punika mantan garwanipun musikus Indonésia ingkang namanipun Idris Sardi.[1] Marini naté palakrami kaliyan pembalap Tinton Suprapto saha Didi Haju.[1] Nalika palakrami kaliyan Tinton, Marini dipunparingi putra ingkang cacahipun satunggal.[1] Naminipun punika Rama Suprapto.[1] Dené nalika palakrami kaliyan Didi Hadju, Marini patutan namanipun Shelomita Sulistiany, penyanyi ingkang miyos nalika tanggal 26 November 1974 saha aktris Reuben Elishama.[1]

Marini naté kapilih dados The Best Actress (Pameran Wanita Paling Saé) wonten ing Festival Film Asia (FFA Awards) wonten ing Seoul, Koréa.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 13 September 2011)
  2. a b c d e f sosbud.kompasiana.com Archived 2011-09-25 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 13 Septemebr 2011)