Mitsumame
Mitsumame ((みつ
Mitsumame punika kalebet salah satunggaling dhaharan tradhisional mangsa panas wonten ing Jepang. Mitsumame ugi kalebet wonten ing perbendaharaan kigo (tembung mangsa) kanggé mangsa panas wonten ing puisi/ geguritan haikai. Sinaosa mekaten, mitsumame samenika sampun saged dipunrahapi wonten ing sedaya mangsa.
Sejarah
[besut | besut sumber]Mula bukanipun mitsumame punika dhaharan kanggé para lare ingkang wujud shinko zaiku (糝粉
Mitsumame kanthi wujud sajian ingkang samenika kalebet asiling riptanan kafe Funawa wonten ing Asakusa, Tokyo nalika taun 1903. Wonten ing wadhah perak kadosdene Kilen dipuncawisaken ager ingkang awujud kubus, setup aprikot, ;an gyuhi. Ingkang mundhut punika gadhah kalih pilihan sirop, sirip ingkang putih menapa sirop ingkang ireng kanggé dipuntambah wonten nginggilipun. Dhaharan punika dipundhahar ngginakaken sendok perak [1]. Funawa lajeng madegaken papan khusus dhahar mitsumame ingkang dipunsebat Mitsumame Hall. Kafe Funawa lajeng kondhang minangka papan nalika mitsumame dipunripta.
Variasi
[besut | besut sumber]- Anmitsu
- Agar kaliyan selai kacang azuki
- Mamekan (
豆 かん?)- Agar kaliyan setup kacang ercis manis
- Krim mitsumame
- Mitsumame kaliyan es krim (utawi krim kocok)
- Coffee mistumame
- Coffee jelly dipunginakaken kanggé nggantos ager
Referensi
[besut | besut sumber]- ↑ "
舟 和 の歴史 創業 明治 35年 ". Funawa. Diarsip saka sing asli ing 2012-10-29. Dibukak ing 2012-10-31.
Artikel magepokan panganan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |