(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Situ Patengan - Wikipédia Menyang kontèn

Situ Patengan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Situ Patengang

Situ Patengan ya iku salah sijiné objek wisata kang ana ing désa Patengan, kacamatan Rancabali, kabupatàn Bandung.[1] Situ Patengan utawa Situ Patenggang asalé saka basa Sunda.[1] Situ tegesé dano, déné Petengan utawa Patenggang asalé saka tembung pateangan-teangan kang tegesé padha golèk.[1] Ambane taman wisata iki 17 ha, déné ambané danone 48 ha.[2] Situ Patengan iki dohé sakiwa-tengené 47 kilomèter saka sisih kidul pusat kutha Bandung.[3] Ing panggonan iki diubengi karo kebun teh Rancabali kang bisa mikat ati.[3]

Carita Mula Bukane Situ Patengan

[besut | besut sumber]

Ana sepasang nom-noman ya iku sawijining pangeran kang jenenge Raden Indrajaya lan sawijining putri kang jenenge Dewi Rengganis.[1] Amarga ana sawijining masalah, kekarone padha pepisahan. Kekarone padha sedhih nganti nangis ora lèrèn-lèrèn.[1] saya suwé luh kang diteteske mbentuk dano.[1] Kekarone padha-padha goleki lan pungkasane katemu ana ing sawijining watu kang diarani watu katresnan.[1] Dewi Rengganis jaluk digawekake pulo lan prahu marang sang pangeran kanggo ngubengi dano.[1] Banjur prau mau malih dadi sawijining pulo kang wujudé waru kang diarani Pulo Asmara utawa Pulo Sasaka.

Carita kang ana ing dhuwur, dadekake sawijining mitos ya iku tumrap pasangan nom-noman kang kepéngin hubungane langgeng, bisa teka ing Situ Patengan lan bebarengan numpak prau ngubengi dano nganti tekan Pulo Asmara lan Watu katresnan.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i wisatamelayu.com Archived 2011-08-07 at the Wayback Machine. Diundhuh tanggal 23 Juli 2011
  2. jalanjajanhemat.com Diundhuh tanggal 26 Juli 2011
  3. a b bdgyes.com Archived 2011-07-18 at the Wayback Machine. Diundhuh tanggal 26 Juli 2011

Uga delengen

[besut | besut sumber]