(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Sui Ishida - Wikipédia Menyang kontèn

Sui Ishida

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sui Ishida
Born28 Desember
Prefektur Fukuoka, Jepang
Area(s)Artis Manga
Notable works
Tokyo Ghoul, Tokyo Ghoul:re

Sui Ishida (石田いしだ スイ Ishida Sui?) ya iku salah siji Artis Mangaka Jepang. Piyambaké misuwur amarga séri fantasi ila-ila ya iku Tokyo Ghoul, kang nyeritaké cah nom jenengé Ken Kaneki kang bisa malih dadi ghoul sawisé kacilakan.

Tokyo Ghoul miwiwiti debut kapisan ing taun 2010, mula bisa ngancik nomor loro ing Weekly Young Jump 113th Grand Prix.[1] Séri-sériné terbit wiwit taun 2011 nganti taun 2014 ing Weekly Young Jump kalawarta Shueisha, lan dijupuk dadi seri light novel lan anime ing taun 2014.[2][3] Manga iki uga dipertal ing basa Inggris lan kasil ngranggeh nomor siji ing Dhaftar Dodolan Apik Dhéwé The New York Times ing taun 2015.[4] Prekuelé kang nduwéni sesirah Tokyo Ghoul [Jack] wis disebar kanthi digital ing Jump Live ing taun 2013. Ing taun 2014, piyambaké miwiwiti sekuel kang nduwéni sesirah Tokyo Ghoul:re. Ing Maret 2017, Tokyo Ghoul lan sekuelé wis dicetak luwih saka 22 yuta èkslempar.[5]

Ing taun 2016, Ishida nggawé crita manga kang nduwéni 69 kaca dhedhasar séri Hunter × Hunter anggitané Yoshihiro Togashi. Kanthi nyeritaké uripé Hisoka, carita kasebut wis dibabar kanthi digital via Shonen Jump+ ing tanggal 2 Juni 2016.[6]

Sesirah Taun Catetan Rujukan
Tokyo Ghoul 2011 nganti 2014 Digiyaraké ing Weekly Young Jump déning Shueisha
Kakumpul nganti 14 volume
[2]
Tokyo Ghoul [Jack] 2013 Digiyaraké ing Jump Live déning Shueisha
Kakumpul mung 1 volume
Tokyo Ghoul:re 2014 nganti saiki Digiyaraké ing Weekly Young Jump déning Shueisha
Kakumpul nganti 10 volume (January 2018)
[7]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Book Depository. "Tokyo Ghoul 1". bookdepository.com. Dibukak ing 29 March 2016.
  2. a b "Tokyo Ghoul Manga to End This Month". Anime News Network. Dibukak ing December 15, 2015.
  3. "New York Times Manga Best Seller List, November 22-28 - News (2015-12-04) - Anime News Network". Anime News Network. Dibukak ing December 11, 2015.
  4. "Manga Books - Best Sellers - July 5, 2015 - The New York Times". nytimes.com. Dibukak ing 17 March 2017.
  5. "Tokyo Ghoul, Tokyo Ghoul:re Manga Have 22 Million Copies in Print". Anime News Network. March 11, 2017. Dibukak ing May 27, 2017.
  6. "Tokyo Ghoul's Ishida Draws 69-Page Chapter for Hunter × Hunter Character Hisoka". Anime News Network. June 3, 2016. Dibukak ing May 27, 2017.
  7. "Top-Selling Manga in Japan by Volume: 2015 - News - Anime News Network". Anime News Network. Dibukak ing December 15, 2015.
[besut | besut sumber]