(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Sumur - Wikipédia Menyang kontèn

Sumur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sumur

Sumur utawa perigi ya iku sumber banyu kang ditampung ing siji dhudhukan lemah lan bisa dimumpangatake kanggo kaperluan sadina-dina..[1] Saliyané sumur kang ngasilaké banyu, ana uga sumur kang ngasilaké lenga utawa gas.[1] Sumur tradhisional utawa sumur gowak wujud bolongan rada gedhé kang dikupengi témbok ing pinggiré.[1] Banyu kang ana ing sumur banjur ditimba nganggo èmbér kang diwénéhi tali.[1] Èmbér kang diwénéhi tali iki mau diarani timba.[1] Sumur ing kutha-kutha gedhé ing Indonésia ukurané cilik, gedhéné kurang luwih sak pipa pralon.[1] Banyu kang ana ing jero sumur banjur disedhot supaya munggah nganggo kompa.[1] Kompa iki diarani kompa banyu.[1]

Sumur bor

[besut | besut sumber]

Sumur bor ora kena cedhak karo Septic tank, awit baktéri e-coli ing banyu disebabaké septic tank.[2] Sumur bor kuduné digawé kanthi jarak paling sithik 5 mèter saka septic tank.[2] Jeroné sumur kang 15 mèter luwih apik awit ora gampang kena pencemaran baktéri, mligi ing kutha-kutha gedhé.[2] Sumur bor apa déné sumur dhudhug kena diwénéhi tawas yèn banyuné buthek.[2] Tawas ya iku zat kang bisa nggawé bening banyu sumur.[2] Salah sijiné teknik kanggo nemtokaké titik pengeboran kang pernahé duwé cekung banyu utawa sumber banyu kang akèh ya iku kanthi metode Geolistrik.[2] Metoda iki merlokaké lahan kanggo survei kanggo nemu sumber banyu ing njero lemah.[2] Kanthi teknik resistivity bakal bisa nemtokaké tahanan kang dipaské karo kontur lemah utawa jinis watu kang dadi sumber banyu.[2] Kanthi cara iki banjur bisa nemtokake sepira jerone kanggo nemu banyu kang akèh lan duwé kualitas apik.[2] Kagiyatan survei geolistrik iki bisa mikoléhi informasi kaanan lemah kamg jeroné nganti 150 mèter.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h sumurbor.com Archived 2011-08-18 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j airminumisiulang.com(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)