Yen
Yèn iku valuta Jepang. Simbol: ¥; utawa ing basa Jepang: (
Pamaréntah Jepang ngukuhaké valuta Yèn wiwit 27 Juni 1871 dhedhasar Shinka jōrei (angger-angger papréntahan ngenani valuta anyar). Minangka lambang dipigunaaké tenger ¥ lan miturut ISO 4217 dilambangaké minangka JPY. Yèn ditulis mawa romaji dadi Yèn lan dudu En, amarga ing akir jaman Keshogunan Tokugawa, aksara katakana エ (e) diwaca minangka "je". Ing wektu iku, kutha Edo ditulis minangka "Yedo", Pulo Ezo minangka "Yezo", lan Ebisu ditulis minangka "Yebisu".
Ana sapérangan panjlasan ngenani asal-usul panggunaan aksara kanji (
Ékan valuta Jepang sadurungé taun 1953:
- sen (
銭 ): 1/100 saka 1 Yèn (¥1 = 100 sen) - rin (
厘 ): 1/1000 saka 1 Yèn (1 sen = 10 rin, ¥1 = 1000 rin)
Kanthi dhasar undang-undang angger-angger valuta 1953, panggunaan ékan sen lan rin ora dilarang miturut hukum, nanging kanthi praktek ora dipigunaaké manèh. Ing jaman saiki, ékan sen lan rin mung karan-sebut ing bursa saham lan kurs valuta asing.