(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Zhang Yimou - Wikipédia Menyang kontèn

Zhang Yimou

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Zhang Yimou

Zhang Yimou menerima penghargaan pada Hawaii International Film Festival 2005
Jeneng Cina ちょうげいはかりごと (Tradhisional)
Jeneng Cina (Prasaja)
Pinyin Zhāng Yìmóu (Mandarin)
Asal Republik Rakyat Cina
Lair (1951-11-14) Novèmber 14, 1951 (umur 72)
Xi'an, Shaanxi, Republik Rakyat Cina
Pakaryan Sutradara, prodhuser filem, sinematografer dan aktor
Jeneng pasangan Hua Xie

Zhang Yimou (lair ing Xi'an, Shaanxi, 14 Novèmber 1951; umur 72 taun; Hanzi Sederhana: 张艺谋, Hanzi tradhisional: ちょうげいはかりごと) dhèwèké iku sutradara filem RRC, Nalika esih rumaja, Zhang Yimou tau nglakoni pagawéan-pagawéan kasar, kaya ta nyambut gawé dadi karyawan pabrik tekstil.[1] Nalika esih nyambut gawé ning pabrik tekstil mau, dhèwèké wiwit duwé pepénginan kanggo main lan njegur ning donya hiburan (filem).[1]

Sadurungé njegur ning donya filem, dhèwèké seneng marang fotografi lan seni lukis.[1] Jarené dhèwèké nganti rela manawa kudu ngedol getihé nganti limang sasi namung kanggo duwé kodhak kanggo photografi.[1]

Ning taun 1978, Zhang bisa lumebu ning nominasi ajang Beijing Film Academy lan ngelulusaké sekolahé ning taun 1982.[1] Sawisé kadadian iku Zhang Yimou tau nyambut gawé ning Guangxi Film Studio dadi cinematographer.[1]

Zhang Yimou nembé olih kasempatan dadi sutradara nalika taun 1987, dadi sutradhara kaping pisanan dhèwèké dadi sutradhara ning filem kang judhulé RED SORGHUM.[1] Filmé kang kaping pisanan iki wis ngasilaké sapanghargan award kanggo Zhang.[1] Film kang judhulé RED SORGHUM iki ngeraih panghargaan ning ajang Berlin International Film Festival.[1]

Ora kurang saka 17 filem wis tau disutradarani Zhang Yimou, sutradhara kawakan iki wis tau nyutradharai filem kang judhulé HAPPY TIMES, HERO, lan filem paling akir kang disutradarani dhèwèké ya iku filem kang judhulé MOVIE NIGHT.[1][2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Film-filem kang tau dibintangi Zhang Yimou:

Taun Judhul basa Inggris Judhul basa Tionghoa Cathetan
1987 Red Sorghum 高粱こうりゃん Film paling apik nalika ajang Festival Film Internasional Berlin 1988
1988 Codename Cougar だいごうしゅうひょう
1990 Ju Dou きくまめ (dadi sawijining nominasi ning kategori Film basa Asing paling apik ning ajang Academy Awards)
1991 Raise the Red Lantern だい红灯笼高だか (dadi sawijining nominasi ning kategori Film basa Asing paling apik ning ajang Academy Awards)
1992 The Story of Qiu Ju あききくかん Film paling apik ning ajang Festival Film Internasional Venesia 1992
1994 To Live 活着かっちゃく
1995 Shanghai Triad 摇呀摇摇到がいばば
1995 Zhang Yimou Segmen filem antologi Lumière and Company
1997 Keep Cool ゆう话好こう
1999 Not One Less いち个都不能ふのうすくな Film Paling apik ning ajang Festival Film Internasional Venesia 1999
1999 The Road Home てきちち亲母亲
2000 Happy Times 幸福こうふく时光
2002 Hero 英雄えいゆう (dadi sawijining nominasi ning kategori Film basa Asing paling apik ning ajang Academy Awards)
2004 House of Flying Daggers じゅうめん埋伏まいふく (dadi sawijining nominasi ning kategori Film basa Asing paling apik ning ajang Academy Awards)
2005 Riding Alone for Thousands of Miles 千里せんりはし单骑
2006 Curse of the Golden Flower 满城つき带黄きんかぶと (dadi sawijining nominasi ning kategori Film basa Asing paling apik ning ajang Academy Awards)
2007 Movie Night Segmen filem antologi To Each His Cinema

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j dipununduh tanggal 14 Agustus 2011 biografi Zhang Yimou dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
  2. vidio Zhang Yimou dipununduh tanggal 15 Agustus 2011