(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Jamur - Wikipédia Menyang kontèn

Jamur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 10 Juni 2017 15.41 déning Rachmat04 (parembugan | pasumbang) (busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik)
Manéka jinis jamur
Jamur Panellus Stipticus

Jamur nduwé sapérangan teges:

  1. Jamur iku awak woh sing katon sanjabaning médhia tuwuh saka saklompok fungi (Basidiomycota) sing wanguné kaya payung: kapérang saka bagéyan sing jejeg ("batang") lan bagéyan sing ndhatar utawa mbunder. Sacara tèknis biologis, awak woh iki disebut basidium. Sapérangan jamur aman dipangan menungsa malah sapérangan dianggep nduwèni kasiat obat, lan sapérangan liyané ngandhut racun. Conto jamur sing bisa dipangan: jamur merang (Volvariela volvacea), jamur tiram (Pleurotus), jamur kuping (Auricularia polytricha), jamur kancing utawa champignon (Agaricus campestris), lan jamur shiitake (Lentinus edulis).
  2. Jamur iku kabèh bagéyan saka fungiFungi: awak woh, lan bagéyan jaring-jaring sangisoré lemah utawa médhia mycelia sing kasusun saka berkas-berkas hifa.
  3. Jamur iku sebutan liya kanggo kapang. Teges iki upamané bisa digatèkaké saka ukara "Rotiné wis jamuren" sing maksudé ya iku rotiné wis dithukuli kapang.

Pirsanana uga

Pranala njaba