(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Jamur - Wikipédia Menyang kontèn

Jamur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 27 Oktober 2018 23.44 déning Pariman9 (parembugan | pasumbang) (Ndandani paramasastra)
Manéka jinis jamur
Jamur Panellus Stipticus

Jamur nduwé sapérangan teges:

  1. Jamur iku awak woh kang katon sanjabaning médhia tuwuh saka saklompok fungi (Basidiomycota) kang wanguné kaya payung: kapérang saka pérangan kang jejeg ("watang") lan pérangan kang ndhatar utawa mbunder. Sacara tèknis biologis, awak woh iki karan basidium. Sapérangan jamur aman dipangan manungsa malah sapérangan dianggep duwé kasiyat obat, lan sapérangan liyané ngandhut racun. Conto jamur kang bisa dipangan: jamur merang (Volvariela volvacea), jamur tirem (Pleurotus), jamur kuping (Auricularia polytricha), jamur kancing utawa champignon (Agaricus campestris), lan jamur si (Lentinus edulis).
  2. Jamur iku kabèh péranganing fungiFungi: awak woh, lan pérangan jaring-jaring sangisoré lemah utawa médhia mycelia kang kasusun saka berkas-berkas hifa.
  3. Jamur iku sebutan liya kanggo tayum. Teges iki upamané bisa digatèkaké saka ukara "Rotiné wis jamuren" kang maksudé ya iku rotiné wis kathukulan tayum.

Pirsanana uga

Pranala njaba