(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Rgwéda - Wikipédia Menyang kontèn

Rgwéda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 9 Maret 2013 20.55 déning Addbot (parembugan | pasumbang) (Bot: Migrating 55 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q727413 (translate me))

Rgwéda utawa diucapaké Regwéda (Sangskreta ṛgveda; Dewanagari ऋग्वेद; aksara Jawa ; aksara Bali ) iku sawijining kolèksi tèks-tèks himne kuna ing basa Wéda Sangskreta lan ditujokaké marang para Jawata. Tèks iki kalebu papat tèks suci agama Hindu utama (śruti) sing diarani caturwéda. Saiki, tèks iki dimuléni déning umat Hindu saindenging jagad, utamané ing India lan Nepal. Pada-pada saka kitab iki dienggo ngaji nalika dedonga, sembahyangan lan acara-acara resmi utawa agama liyané.

Tembung Rgwéda iku sawijining kompositum (kata majemuk ing basa Indonésia) sing kalebu jenis tatpuruṣa lan tegesé "puja" lan "kawruh".

Cithakan:Link FA