Antibodi
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Antibodi (Inggris: antibody, gamma globulin) inggih punika glikoprotein kaliyan struktur katamtu ingkang dipunsèkrèsiakén saking pencerap[1] limfosit-B yang telah teraktivasi menjadi sel plasma,[2] dados respon saking antigen katamtu saha reaktif déning antigen mau.[3] Sistém imunitas manungsa dipuntentuaken déning kemampuan salira kanggé mroduksi antibodi kanggé ngèlawan antigèn. Antibodi saged dipuntemuaken ing gétih utawa kélénjar awak vèrtèbrata ing sanèsipun, saha dipunginaakén déning sistem kekebalan tubuh kanggé ngidentifikasiaken saha netralisasiaken benda asing kados ta baktèri lan virus. Molèkul antibodi ngèdar ing salébéting pembuluh darah saha mlébét jaringan tubuh ngélampahi prosès peradangan.[3] sédaya asalipun saking sékédik struktur dhasar ingkang dipunwastani rantai. Sabén antibodi gadhah kalih rantai beratageng saha kalih rantai enting.[4]
Wontén pintén-pintén tipé ingkang bèntén saking rantai abot antibodi, saha pintén-pintén tipé antibodi ingkang bènten, ingkag dipunlébétakè ing salèbéting kelas (en:isotype) ingkang bènten dhedhasar ing saben rantai abot. Lima isotype antibodi ingkang bènten dipuntingali ing awak mamalia saha mainkan peran ingkang bènten saha ngarahaken respon imun ingkang trep kanggé saben tipe benda asing ingkang berlawanan ingkang mlebet salebeting awak,[5] inggih punika: IgG, IgM, IgA, IgD lan IgE, ingkang gadhah bèntenipun area C.
Antibodi punika kagolong jinis protéin ingkang dipunsekresiaken déning sel plasma (sel B terdeferensiasi) ingkang gegayutan kaliyan antigen katamtu, dipunsebat ugi imunoglobulin. Sedaya molekul antibodi gadhah gadhah struktur bentukipun Y ingkang sami, saha wujud monomer kapérang saking kalih rantai abot identik saha kalih rantai enting identik.[6].
Antibodi punika biomolekul ingkang kasusun saking protéin lan dipunbentuk dados respons kaliyan kawontenan benda-benda asing ingkang boten dipunkehendaki ing salebeting salira kita. Benda-benda asing punika dipunsebat antigen. Manawi wonten ing benda-benda asing ingkang mlebet ing salebeting salira dipunbetahaken 10-14 dinten kanggé mbentuk antibodi. Antibodi dipunasilaken déning limfosit B utawi sel-sel B. Antibodi dipun-ginakaken kanggé netralaken utawi ngajuraken antigen ingkang mlebet ing salebeting salira. Saben detik sakiwa-tengené 2.000 molekul antibodi dipunproduksi déning sel-sel B. Salah satunggaling tuladha prekawis ingkang nglibataken antibodi inggih punika manawi kulit kita kena infeksi amargi luka mila badhé timbul nanah. Nanah punika limfosit utawi sel-sel B ingkang mati sasampunipun berperang nglawan antigen. Antibodi saged kapanggih ing aliran darah lan cuwèran nonseluler. Antibodi gadhah struktur molekul ingkang jumbuh kaliyan antigen kanthi sampurna, kadastaanak kunci kaliyan lubangipun. Saben jinis antibodi spesifik kaliyan antigen jinis katamtu.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ "Immunobiology, chapter 3. The structure of a typical antibody molecule". Charles A. Janeway, et al. Dibukak ing 2010-03-21.
- ↑ "Serum protéin". Jeremy E. Kaslow. Diarsip saka sing asli ing 2013-10-31. Dibukak ing 2010-02-20.
- ↑ a b "The adaptive immune system". Dibukak ing 2010-02-11.
- ↑ "Immunobiology, figure 3.2 Immunoglobulin molecules are composed of two types of protéin chain: heavy chains and light chains". Charles A. Janeway, et al. Dibukak ing 2010-03-22.
- ↑ Eleonora Market, F. Nina Papavasiliou (2003) V(D)J Recombination and the Evolution of the Adaptive Immune System PLoS Biology1(1): e16.
- ↑ "buku1"Campbell,Neila A,dkk."BIOLOGI Edisi Kedelapan Jilid 1:.ISBN.Erlangga.Jakarta.(2998:A-2)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |