(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Léukisme - Wikipédia Menyang kontèn

Léukisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Singa putih sing kena léukisme ulesé gumantung alèl rèsèsif. Gatèkaké matané lan lambéné panggah normal wernané.

Léukisme ya iku kaanan ilanging pigmèntasi ana ing kéwan sing njalari ulesing kulit, rambut, wulu, sisik utawa kutikula, nanging mata ora, awerna putih, pucet, utawa saparo-saparo.[1] Béda saka albinisme, kaanan iki linantaran sudaning pirang-pirang jinis pigmèn, ora mung mélanin.

Étimologi

[besut | besut sumber]

Tembung léukisme asal saka istilah kadhokteran (leuk- + -isme). Dhasaran leuk- asal saka basa Latin leuk-, sing asal saka basa Yunani leukos ateges "putih".

Rujukan

[besut | besut sumber]