Lingzhi
Ganoderma lucidum | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Fungi |
Filum: | Basidiomycota |
Klas: | Agaricomycetes |
Ordho: | Polyporales |
Famili: | Ganodermataceae |
Génus: | Ganoderma |
Spésies: | G. lucidum |
Jeneng binomial | |
Ganoderma lucidum (Curtis) P. Karst |
Lingzhi utawi ling zhi (Hanzi tradhisional:
Lingzhi saged tuwuh ing tlatah-tlatah wonten ing donya kalebet ing Indonésia.[1] Lingzhi saged tuwuh ing taneman saha kayu ingkang sampun gapuk utawi wit ingkang sampun pejah.[1] Lingzhi gadhah wujud kados payung nanging boten gadhah lengkungan ingkang sampurna.[1] Lingzhi gadhah pang ingkang langkung cendhak tinimbang wohé.[1] Woh Lingzhi saged gadhah dhiamétér ngantos 30 cm.[1] Wujud payungé sami kaliyan wujud ginjel.[1] Kandelipun woh Lingzhi antawis 2-5 cm.[1] Lingzhi punika ngandhut protéin, polisakarida (ganodelan A, ganodelan B, saha jinis-jinis glukans), triterpenoid (asem ganodermik, ganodermadiol, ingkang strukturipun mirib kaliyan hormon steroid, juga germanium, ergosterol, coumarin, mannitol, alkaloid, asem lemak boten jenuh, adenosin, saha vitamin (B, C, D) saha mineral (natrium, kalsium, seng, besi, fosfor).[1] Lingzhi ugi ngandhut senyawa triterpenoid kados ta ganoderat.[2]Triterpenoid punika gadhah khasiat saged nglemesaken otot polos pembuluh darah saha saged njagi viskositas utawi kekentalan darah.[2]
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |