Nue
Nue (
Miturut Riwayat Heike (
Wonten ing cariyos tambahan ing versi sanèsipun, bangai nue punika kemampul dumugi ing satunggaling tanjung. Wonten ing mriku para penduduk ngubur nue amargi ajrih bilih pikantuk kutukan. Tumpukan lemah ing celakipun tanjung punika taksih wonten dumugi sapunika lan wonten kapitadosan bilih lemah mau minangka kuburan ingkang dipundamel kanggé nue.[4]
Ètimologi
[besut | besut sumber]Tembung nue punika medal wonten ing sastra Jepang ingkang tuwa dhéwé. Kutipan ingkang ngandhut punika antawisipun wonten ing Kojiki (712) lan Wamyō Ruijushō (kirang langkung 934). Amargi anggènipun ngginakaken aksara Man'yōgana, wonten ing ejaan kala rumiyin dipunserat nuye. Sanajan makaten, nalika mangsa punika tembung nue mau ngandhut pangertosan semantik ingkang béda. Tembung nue punika ugi mengacudhateng satunggaling jinis peksi ingkang dipunwastani anis putih.
Nalika abad kaping 13, Riwayat Heike ngandhut cathetan babagan maklhuk ingkang dipunwastani nue. Kajawi gadhah sirah monyet, gadhah awak tanuki, sukunipun macan lan gadhah buntut ula piyambakipun gadhah swantun kados anis putih. Kirang langkung nalika taun 1435, Zeami Motokiyo nyerat sekar Noh kanthi irah-irahan Nue ingkang nyariyosaken kisah wonten ing Riwayat Heike.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Literatur, (dipunakses tanggal 7 Fèbruari 2013).
- ↑ Cavallaro, Dani (2010), Magic as Metaphor in Anime: A Critical Study, McFarland, kc. 88, ISBN 0-7864-4744-3 ("[[Google Books]]".
{{cite web}}
: URL–wikilink conflict (pitulung)) - ↑ Rosen, Brenda (2009), The Mythical Creatures Bible: The Definitive Guide to Legendary Beings, Sterling, kc. 107, ISBN 1-4027-6536-3 "[[Google Books]]".
{{cite web}}
: Cite has empty unknown parameter:|1=
(pitulung); URL–wikilink conflict (pitulung) - ↑ Obakemono.com (20 Agustus 2006). "Nue: The Obakemono project".