Asem galat: Béda antara owahan
Tanpa ringkesan besutan |
c r2.7.1) (Bot: Nambahaké sr:Galna kiselina |
||
Larik 92: | Larik 92: | ||
[[pt:Ácido gálico]] |
[[pt:Ácido gálico]] |
||
[[ru:Галловая кислота]] |
[[ru:Галловая кислота]] |
||
[[sr:Galna kiselina]] |
|||
[[sv:Gallussyra]] |
[[sv:Gallussyra]] |
||
[[uk:Галова кислота]] |
[[uk:Галова кислота]] |
Révisi kala 4 Dhésèmber 2012 01.10
Asam Galat | |
---|---|
3,4,5-trihydroxybenzoic acid | |
Jeneng liya Gallic acid Gallate 3,4,5-trihydroxybenzoate | |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [149-91-7],[5995-86-8] (Monohydrate) |
PubChem | |
SMILES | Oc1cc(cc(O)c1O)C(O)=O |
Sifat | |
Rumus molekul | C7H6O5 |
Massa molar | 170.12 g/mol |
Panampilan | Putih, putih-kekuningan atau kristal berwarna coklat-kekuningan pucat. |
Densitas | 1.7 g/cm3 (anhidrat) |
Titik leleh |
250 °C, 523 K, 482 °F |
Kelarutan dalam air | 1.1 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat) 1.5 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat) |
Kaasaman (pKa) | COOH: 4.5, OH: 10. |
Bahaya | |
MSDS | External MSDS |
Bebaya utama | Irritant |
Senyawa kagandhèng | |
Senyawa kagandhèng | Asam benzoat, Fenol, Pirogallol |
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
Asam galat yaiku senyawa golongan asam fenolik C6-C1 (en:phenolic acid} utawa hidroksibenzoat, yaiku asam 3,4,5-trihidroksibenzoat.[1] Asale tembung galat yaiku tembung galle ing basa Prancis kang ateges pambengkakan ing jaringan tanduran sawisé terserang serangga parasit.[2] Senyawa iki bisa ditemokaké ing godhong ek lan anggur lan duwèni aktivitas minangka antioksidan (penangkal radikal bebas).[2][3] Asam galat yaiku subunit saka galotanin, yaiku polimer heterogen kang ngandut pirang-pirang molekul asam galat kang padha gegayutan karo asam galat liyane lan karo sukrosa lan gula liyane.[1] Akeh galotanin kang ngganggu uriping tanduran amarga bisa ngrombak enzim sitoplasma kanthi ndenaturasi protein (enzim yaiku protein), lan ketahanan tanduran kang ngandhutake menawa disebabkake amarga galatonin diangkut ing vakuola mula kapisah saka enzim ing sitoplasma.[1]
Biosintesis
Asam galat minangka senyawa turunan asam sinamat kang pambentukkane lumantar lintasan asam sikimat kanthi bahan dasar asam 3-dehidrosikimat[2] Reaksi wigati ing pembentukan asam sinamat lan pirang-pirang turunane yaiku pengubahan fenilalanin dadi asam sinamat lumantar proses deaminasi utawa palepasan amonia saka fenilalanin kanggo mbentuk asam sinamat.[1] Reaksi iki dikaalisis dening enzim fenilalanin amonia liase. Banjur asam sinamat diowahi dadi p-kumarat kanthi nambahake siji atom oksigen saka O2 lan atom H saka NADPH langsung ing posisi para saka asam sinamat (posisi atom karbon kaping papat kang diitung saka gugus asam sinamat ing cincin benzena).[1] Panambahan maneh gugus hidroksil (OH) liyane ing sisih gugus OH saka asama p-kumarat kanthi reaksi padha ngasilake asam kafeat.[1] Panambahan gugus metil (-CH3) saka S-adenosil metionin (SAM) e gugus OH saka asam kafeat ngasilake sam ferulat.[1] Asam kafeat mbentuk ester kanthi gugus alkohol ing asam liyane kang kabentuk ing lintasan asam sikimat, yaiku asam quinat, lan hasilake asam klorogenat. [1]
Gambar-gambar senyawa asam sinamat lan turunane
Delengen uga
Cathetan suku
- ↑ a b c d e f g h Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:145-147. ISBN 979-8591-27-5
- ↑ a b c Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.Crozier A, Clifford MN, Ashihara H. 2006. Plant Secondary Metabolites: Occurrence, Structure and Role in the Human Diet. Oxford: Blackwell Publishing Ltd. Hal: 11-16, 244-249. ISBN-13: 978-1-4051-2509-3
- ↑ Golumbic C, Mattill HA. 2007. The antioxidant properties of gallic acid and allied compounds. J of the American Oil Chemists' Society 19(8):144-145.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |