(Translated by https://www.hiragana.jp/)
Asem galat - Wikipédia Menyang kontèn

Asem galat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 6 Fèbruari 2018 10.11 déning Kunirasem (parembugan | pasumbang) (→‎top: clean up, replaced: protein → protéin (2) using AWB)
Asam Galat
Gambar
Gambar
Gambar
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [149-91-7],[5995-86-8] (Monohydrate)
PubChem 370
SMILES Oc1cc(cc(O)c1O)C(O)=O
Sifat
Rumus molekul C7H6O5
Massa molar 170.12 g/mol
Panampilan Putih, putih-kekuningan atau
kristal berwarna coklat-kekuningan pucat.
Densitas 1.7 g/cm3 (anhidrat)
Titik leleh

250 °C, 523 K, 482 °F

Kelarutan dalam air 1.1 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat)
1.5 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat)
Kaasaman (pKa) COOH: 4.5, OH: 10.
Bahaya
MSDS External MSDS
Bebaya utama Irritant
Senyawa kagandhèng
Senyawa kagandhèng Asam benzoat, Fenol, Pirogallol
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asam galat ya iku senyawa golongan asam fenolik C6-C1 (en:phenolic acid) utawa hidroksibenzoat, ya iku asam 3,4,5-trihidroksibenzoat.[1] Asale tembung galat ya iku tembung galle ing basa Prancis kang ateges pambengkakan ing jaringan tanduran sawisé terserang serangga parasit.[2] Senyawa iki bisa tinemu ing godhong ek lan anggur lan duwèni aktivitas minangka antioksidan (penangkal radikal bébas).[2][3] Asam galat ya iku subunit saka galotanin, ya iku polimer heterogen kang ngandut pirang-pirang molekul asam galat kang padha gegayutan karo asam galat liyané lan karo sukrosa lan gula liyané.[1] Akèh galotanin kang ngganggu uriping tanduran amarga bisa ngrombak enzim sitoplasma kanthi ndenaturasi protéin (enzim ya iku protéin), lan ketahanan tanduran kang ngandhutake manawa disebabkake amarga galatonin diangkud ing vakuola mula kapisah saka enzim ing sitoplasma.[1]

Biosintesis

Asam galat minangka senyawa turunan asam sinamat kang pambentukkane lumantar lintasan asam sikimat kanthi bahan dhasar asam 3-dehidrosikimat[2] Reaksi wigati ing pembentukan asam sinamat lan pirang-pirang turunane ya iku pengubahan fenilalanin dadi asam sinamat lumantar prosès deaminasi utawa palepasan amonia saka fenilalanin kanggo mbentuk asam sinamat.[1] Reaksi iki dikaalisis déning enzim fenilalanin amonia liase. Banjur asam sinamat diowahi dadi p-kumarat kanthi nambahake siji atom oksigen saka O2 lan atom H saka NADPH langsung ing posisi para saka asam sinamat (posisi atom karbon kaping papat kang diitung saka gugus asam sinamat ing cincin benzena).[1] Panambahan manèh gugus hidroksil (OH) liyané ing sisih gugus OH saka asama p-kumarat kanthi reaksi padha ngasilaké asam kafeat.[1] Panambahan gugus metil (-CH3) saka S-adenosil metionin (SAM) e gugus OH saka asam kafeat ngasilaké sam ferulat.[1] Asam kafeat mbentuk ester kanthi gugus alkohol ing asam liyané kang kadhapur ing lintasan asam sikimat, ya iku asam quinat, lan hasilake asam klorogenat.[1]

Gambar-gambar senyawa asam sinamat lan turunane

Uga delengen

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:145-147. ISBN 979-8591-27-5
  2. a b c Crozier A, Clifford MN, Ashihara H. 2006. Plant Secondary Metabolites: Occurrence, Structure and Role in the Human Diet. Oxford: Blackwell Publishing Ltd. Hal: 11-16, 244-249. ISBN 978-1-4051-2509-3
  3. Golumbic C, Mattill HA. 2007. The antioxidant properties of gallic acid and allied compounds. J of the American Oil Chemists' Society 19(8):144-145.