Taipei

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Taipei
臺北たいぺい
Munisipalitas
Kota Taipei
Taipei City · 臺北たいぺい
Gendéra Taipei
Gendéra
Official seal of Taipei
Lambang
Peparab: Kota Azaleas
Location of Taipei
Berkas satelit Kota Taipei
Berkas satelit Kota Taipei
Nagara Taiwan
RegionUtara Taiwan
Dibentuk1709
City seatDistrik Xinyi
District-divisions12 dhistrik
Pamaréntahan
 • JinisPapréntahan Kota Taipei
 • WalikotaKo Wen-je
Laladan
 • Munisipalitas271,7997 km2 (1,049,425 sq mi)
 • Water2,7 km2 (10 sq mi)  1.0%
Cacah warga (Januari 2010)
 • Munisipalitas2.606.151
 • Pepadhet0,96/km2 (2,5/sq mi)
 • Métro6.870.357
 Peringkat kaping 1 dari 25
Zona wektuCST (UTC+8)
Kode pos100 – 116
Kodhe laladan(0)2
Districts12
UnggasFormosan Blue Magpie (Urocissa caerulea)
BungaAzalea (Rhododendron nudiflorum)
PohonBanyan (India laurel fig, Ficus microcarpa)
Situs wèbtaipei.gov.tw (ing basa Inggris)
Wewengkon metropolitan (atau tiga-kutha) dari Taipei kalebu Kota Taipei, Taipei County dan Kota Keelung.

Kutha Taipei (Hanzi: 台北たいぺい, hanyu pinyin: Táibĕi Shì, basa Minnan: Tâipak Chi) iku kutha krajan sauntara Républik Cina (Taiwan) sarta minangka kutha gedhé dhéwé ing Taiwan. Akèh parusahan indhustri lan jasa kalebu peralatan listrik lan elektronik, tekstil, logam, kapal, lan motor kang duwé kantor pusat ing kutha iki.

Kutha Taipei minangka munisipaliti mirunggan kang diatur kanthi langsung déning pamaréntah pusat. Kutha iki ora kalebu nanging dikubengi déning Kabupatèn Taipei.

Walikutha Taipei kang saiki ya iku Ko Wen-je kang mengku kalungguhan walikutha wiwit taun 2014.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kawasan iki dikenal minangka dhataran cendhèk Taipei minangka omah saka suku Ketagalan sadurungé abad kaping 18. Suku Han Cina teka ing dhataran Taipei ing taun 1709. Taun 1895 wektu Qing kalah sajeroning Perang Jiawu nglawan Jepang, Taiwan kepeksa diserahaké marang Jepang lan dadi koloni. Kakaisaran Jepang sabanjuré ngadegaké kantor kagubernuran (總督そうとく)ing Taipei. Kantor Gubernur iki sabanjuré kang dadi Kantor Kapresidenan (總統そうとう) saiki. Sajeroning 50 taun Jepang kuwasa nganti Jepang kalah sajeroning Perang Donya II lan kudu nyerahaké Taiwan marang Tiongkok kang wektu iku dikuaasani déning pamaréntah nasionalis Kuomintang. Sawisé perang sadulur antara kaum kuminis lan kaum nasionalis rampung kanthi munduré Chiang Kai-shek menyang Taiwan, Taipei banjur didadaké kutha krajan sauntara Républik Cina.

Dunung géografis[besut | besut sumber]

Kutha Taipei dumunung ing dhataran cendhèk Taipei, dikubengi déning pagunungan mligi ing sisih lor, wétan lan kidul-wétan. Titik paling dhuwur ing wewengkon Kutha Taipei ya iku pucuk Gunung Qixing (1120 mèter).

Kali-kali ing kutha iki kabèh kalebu sajeroning DAS Tamsui kang muarané menyang Selat Taiwan lan Sagara Cina Timur.

Taipei duwé iklim sub-tropis kanthi suhu rata-rata 20 derajat Celsius sadawaning taun. Nanging, suhu paling cendhèk ing mangsa adhem bisa ngancik 6 derajat Celsius déné ing mangsa panas bisa nganti 34 derajat Celsius.

Papréntahan[besut | besut sumber]

Kutha Taipei dipérang dadi rolas dhistrik ():

Hanyu Pinyin Hanzi Wade-Giles Tongyong Pinyin
Sōngshān 松山まつやま Sung-shan Songshan
Xìnyì 信義しんぎ Hsin-yi Sinyi
Dàān 大安だいあん Ta-an Da-an
Zhōngshān 中山ちゅうざん Chung-shan Jhongshan
Zhōngzhèng 中正ちゅうせい Chung-cheng Jhongjheng
Dàtóng だい同區どうく Ta-t'ung Datong
Wànhuá まんはな Wan-hua Wanhua
Wénshān ぶんやま Wen-shan Wunshan
Nángǎng 南港なんこう Nan-kang Nangang
Nèihú 內湖 Nei-hu Neihu
Shìlín はやし Shih-lin Shihlin
Běitóu きたとう Pei-t'ou Beitou

Kantor walikutha Taipei dumunung ing Distrik Xinyi kang wujud dhistrik kang tuwuh ngrembaka ing dekadé pungkasan dadi pusat komersial, pusat indhustri tèknologi canggih lan papréntahan. Walikutha Taipei minangka kalungguhan kang populer lan dianggep tiket kanggo karir pulitik kang mulus ing mangsa ngarep. Iki ditandhani kanthi penjabat walikutha Taipei kerep ngraih popularitas ora kalah adoh saka kalungguhan ing tingkat pusat.

Dewan Kutha Taipei iku badan lègislatif laladan kang dadi wakil rakyat kanggo ngawasi mlakuné papréntahan. Dewan Kutha Taipei duwé anggota 49 saka 12 dhistrik kang dipérang dadi 6 laladan pamilihan lan 1 laladan pamilihan maya kanggo kang ndunungi aborigin.

Transportasi[besut | besut sumber]

Kutha Taipei

Lumrahé, sistem transportasi ing Kutha Taipei katata kanthi apik lan perencanaan kang tumata.

Transportasi dharat[besut | besut sumber]

Sepur[besut | besut sumber]

Stasiun Sepur Taipei wujud stasiun sepur gedhé dhéwé ing Taiwan. Taipei uga dadi papan tuwuhing sistem sepur kang pisanan ing Taiwan.

Stasiun sepur Taipei saliyané dadi stasiun sepur uga duwé fungsi minangka stasiun MRT lan uga sepur super rikat kang wis wiwit operasi awal taun 2007.

Transit rikat massal[besut | besut sumber]

Transit cepat massal (TCM) Taipei iku sepur ril ringan kang ngubungaké stasiun-stasiun ing jero kutha. Ora kaya sistem TCM ing kutha-kutha liyané ing donya kang ana ing ngisor lemah, TCM Taipei duwé ril ing ngisor lemah, ing lemah lan ril layang.

Sistem TCM Taipei duwé stasiun utama ing stasiun sepur Taipei. Wektu iki duwé 5 jalur rute kang ngubungaké Taipei karo kutha-kutha ing saubengé mligi kang dumunung ing Kabupatèn Taipei.

Béa minimum kanggo TCM ya iku NTD 20/wong lan maksimum NTD 65/wong.

Bus lan Taksi[besut | besut sumber]

Bus-bus ing Kutha Taipei nglayani rute jero kutha, antar kutha via jalan provinsi dan antar kutha via jalan nagara.

Sistem bus dalam kutha dihubungkan dengan sistem TCM dengan perencanaan teratur seperti pembayaran yang dapat dilakukan dengan kartu pra-bayar TCM atau diskon biaya bus bila melakukan transit dari stasiun TCM.

Bus-bus antar kutha biasanya dilayani olèh perusahaan swasta yang dipusatkan di Stasiun Bus Pusat Kutha Taipei.

Taksi di Taiwan bercat kuning dan berplat dhasar putih dengan tulisan merah. Biaya minimum taksi ya iku NTD 70 untuk 1.5 mèter pertama dan NTD 5 untuk setiap 300 mèter sarta NTD 5 untuk durasi 2 menit dengan kecepatan di bawah 5 km/jam.

Transportasi udara[besut | besut sumber]

Kutha Taipei bisa diaksès liwat 2 papan anggegana:

Papan Anggegana Internasional Taoyuan let-é 40 menit lelungan dharat via dalan tol.

Transportasi Banyu[besut | besut sumber]

Taipei duwé plabuhan sagara ing Keelung. Nanging plabuhan iki mayoritas nglayani peti kemas. Transportasi kali muncul mung minangka atraksi wisata nyusuri Kali Tamsui.

Atraksi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]