Taipei
Taipei | |||
---|---|---|---|
Munisipalitas | |||
Kota Taipei Taipei City · | |||
| |||
Peparab: Kota Azaleas | |||
Berkas satelit Kota Taipei | |||
Nagara | Taiwan | ||
Region | Utara Taiwan | ||
Dibentuk | 1709 | ||
City seat | Distrik Xinyi | ||
District-divisions | 12 dhistrik | ||
Pamaréntahan | |||
• Jinis | Papréntahan Kota Taipei | ||
• Walikota | Ko Wen-je | ||
Laladan | |||
• Munisipalitas | 271,7997 km2 (1,049,425 sq mi) | ||
• Water | 2,7 km2 (10 sq mi) 1.0% | ||
Cacah warga (Januari 2010) | |||
• Munisipalitas | 2.606.151 | ||
• Pepadhet | 0,96/km2 (2,5/sq mi) | ||
• Métro | 6.870.357 | ||
Peringkat kaping 1 dari 25 | |||
Zona wektu | CST (UTC+8) | ||
Kode pos | 100 – 116 | ||
Kodhe laladan | (0)2 | ||
Districts | 12 | ||
Unggas | Formosan Blue Magpie (Urocissa caerulea) | ||
Bunga | Azalea (Rhododendron nudiflorum) | ||
Pohon | Banyan (India laurel fig, Ficus microcarpa) | ||
Situs wèb | taipei.gov.tw (ing basa Inggris) | ||
Wewengkon metropolitan (atau tiga-kutha) dari Taipei kalebu Kota Taipei, Taipei County dan Kota Keelung. |
Kutha Taipei (Hanzi:
Kutha Taipei minangka munisipaliti mirunggan kang diatur kanthi langsung déning pamaréntah pusat. Kutha iki ora kalebu nanging dikubengi déning Kabupatèn Taipei.
Walikutha Taipei kang saiki ya iku Ko Wen-je kang mengku kalungguhan walikutha wiwit taun 2014.
Sajarah
[besut | besut sumber]Kawasan iki dikenal minangka dhataran cendhèk Taipei minangka omah saka suku Ketagalan sadurungé abad kaping 18. Suku Han Cina teka ing dhataran Taipei ing taun 1709. Taun 1895 wektu Qing kalah sajeroning Perang Jiawu nglawan Jepang, Taiwan kepeksa diserahaké marang Jepang lan dadi koloni. Kakaisaran Jepang sabanjuré ngadegaké kantor kagubernuran (
Dunung géografis
[besut | besut sumber]Kutha Taipei dumunung ing dhataran cendhèk Taipei, dikubengi déning pagunungan mligi ing sisih lor, wétan lan kidul-wétan. Titik paling dhuwur ing wewengkon Kutha Taipei ya iku pucuk Gunung Qixing (1120 mèter).
Kali-kali ing kutha iki kabèh kalebu sajeroning DAS Tamsui kang muarané menyang Selat Taiwan lan Sagara Cina Timur.
Taipei duwé iklim sub-tropis kanthi suhu rata-rata 20 derajat Celsius sadawaning taun. Nanging, suhu paling cendhèk ing mangsa adhem bisa ngancik 6 derajat Celsius déné ing mangsa panas bisa nganti 34 derajat Celsius.
Papréntahan
[besut | besut sumber]Kutha Taipei dipérang dadi rolas dhistrik (
Hanyu Pinyin | Hanzi | Wade-Giles | Tongyong Pinyin |
---|---|---|---|
Sōngshān | Sung-shan | Songshan | |
Xìnyì | Hsin-yi | Sinyi | |
Dàān | Ta-an | Da-an | |
Zhōngshān | Chung-shan | Jhongshan | |
Zhōngzhèng | Chung-cheng | Jhongjheng | |
Dàtóng | Ta-t'ung | Datong | |
Wànhuá | Wan-hua | Wanhua | |
Wénshān | Wen-shan | Wunshan | |
Nángǎng | Nan-kang | Nangang | |
Nèihú | 內湖 |
Nei-hu | Neihu |
Shìlín | Shih-lin | Shihlin | |
Běitóu | Pei-t'ou | Beitou |
Kantor walikutha Taipei dumunung ing Distrik Xinyi kang wujud dhistrik kang tuwuh ngrembaka ing dekadé pungkasan dadi pusat komersial, pusat indhustri tèknologi canggih lan papréntahan. Walikutha Taipei minangka kalungguhan kang populer lan dianggep tiket kanggo karir pulitik kang mulus ing mangsa ngarep. Iki ditandhani kanthi penjabat walikutha Taipei kerep ngraih popularitas ora kalah adoh saka kalungguhan ing tingkat pusat.
Dewan Kutha Taipei iku badan lègislatif laladan kang dadi wakil rakyat kanggo ngawasi mlakuné papréntahan. Dewan Kutha Taipei duwé anggota 49 saka 12 dhistrik kang dipérang dadi 6 laladan pamilihan lan 1 laladan pamilihan maya kanggo kang ndunungi aborigin.
Transportasi
[besut | besut sumber]Lumrahé, sistem transportasi ing Kutha Taipei katata kanthi apik lan perencanaan kang tumata.
Transportasi dharat
[besut | besut sumber]Stasiun Sepur Taipei wujud stasiun sepur gedhé dhéwé ing Taiwan. Taipei uga dadi papan tuwuhing sistem sepur kang pisanan ing Taiwan.
Stasiun sepur Taipei saliyané dadi stasiun sepur uga duwé fungsi minangka stasiun MRT lan uga sepur super rikat kang wis wiwit operasi awal taun 2007.
Transit rikat massal
[besut | besut sumber]Transit cepat massal (TCM) Taipei iku sepur ril ringan kang ngubungaké stasiun-stasiun ing jero kutha. Ora kaya sistem TCM ing kutha-kutha liyané ing donya kang ana ing ngisor lemah, TCM Taipei duwé ril ing ngisor lemah, ing lemah lan ril layang.
Sistem TCM Taipei duwé stasiun utama ing stasiun sepur Taipei. Wektu iki duwé 5 jalur rute kang ngubungaké Taipei karo kutha-kutha ing saubengé mligi kang dumunung ing Kabupatèn Taipei.
Béa minimum kanggo TCM ya iku NTD 20/wong lan maksimum NTD 65/wong.
Bus lan Taksi
[besut | besut sumber]Bus-bus ing Kutha Taipei nglayani rute jero kutha, antar kutha via jalan provinsi dan antar kutha via jalan nagara.
Sistem bus dalam kutha dihubungkan dengan sistem TCM dengan perencanaan teratur seperti pembayaran yang dapat dilakukan dengan kartu pra-bayar TCM atau diskon biaya bus bila melakukan transit dari stasiun TCM.
Bus-bus antar kutha biasanya dilayani olèh perusahaan swasta yang dipusatkan di Stasiun Bus Pusat Kutha Taipei.
Taksi di Taiwan bercat kuning dan berplat dhasar putih dengan tulisan merah. Biaya minimum taksi ya iku NTD 70 untuk 1.5 mèter pertama dan NTD 5 untuk setiap 300 mèter sarta NTD 5 untuk durasi 2 menit dengan kecepatan di bawah 5 km/jam.
Transportasi udara
[besut | besut sumber]Kutha Taipei bisa diaksès liwat 2 papan anggegana:
- Papan Anggegana Internasional Taoyuan (sadurungé sasi September 2006 dikenal minangka Papan Anggegana Internasional Chiang Kai-shek), ing Kabupatèn Taoyuan.
- Papan Anggegana Domestik Sungshan, ing Distrik Songshan, Kutha Taipei.
Papan Anggegana Internasional Taoyuan let-é 40 menit lelungan dharat via dalan tol.
Transportasi Banyu
[besut | besut sumber]Taipei duwé plabuhan sagara ing Keelung. Nanging plabuhan iki mayoritas nglayani peti kemas. Transportasi kali muncul mung minangka atraksi wisata nyusuri Kali Tamsui.
Atraksi
[besut | besut sumber]- Taipei 101 minangka pusat finansial anyar ing Taipei. Buku Rekor Guinness nyathet minangka gedung paling dhuwur ing donya sasi Oktober 2003.
- Balé Pèngetan Chiang Kai-shek
- Balé Pèngetan Sun Yat-sen
- Museum Pura Nasional
- Kuil Longshan
- Pasar Malam Shilin
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Taipei. |