Hokkaido

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Prefektur {{{Name}}}
Trankripsi Jepang
 • RōmajiHokkaido
Official logo of Prefektur {{{Name}}}
Lambang Hokkaido
Location of Prefektur {{{Name}}}
negaraJepang
 • Urut laladan{{{AreaRank}}}
Kodhe ISO 3166JP-01
Munisipalitas180
Ikan-

Hokkaido (北海道ほっかいどう Hokkaidō?), biyèn jenengé Ezo, yaiku pulo lan jeneng prefektur Jepang kang manggon ing Pulau Hokkaido, Jepang. Hokkaido yaiku préfèktur gedhé dhéwé ing Jepang, siji-sijiné préfèktur ing Jepang kang diwangun déning kesatuan 14 subprefektur. Sajeroning basa Jepang, (みち?) ateges prefektur.

Kutha gedhé dhéwé ing Hokkaido yaiku Sapporo kang uga duwé status minangka kutha krajan prefektur.

Pulo Hokkaido yaiku pulo gedhé dhéwé kapindho ing Jepang. Selat Tsugaru misahaké Pulo Hokkaido saka Pulau Honshu. Pulo Hokkaido lan Pulo Honshu dihubungaké déning trowongan ngisor laut Seikan. Suku bangsa asli ing Hokkaido yaiku suku Ainu. Akèh jeneng laladan kang nggunakaké basa Ainu, kaya ta Sapporo.

Sajarah[besut | besut sumber]

Bekas kantor pemerintah

Sajeroning basa Ainu, pulo iki sinebut Ainu mosir kang ateges "padunungane manungsa". Wong Jepang nganti pungkasan jaman Edo nyebut pulo iki minangka Ezo utawa Hokushu. Nalika badan pamaréntah kanggo pambukan Hokkaido (Kaitakushi) diadegaké, Pamaréntah Meiji mutusaké kanggo ngganti jeneng Ezo. Takeshiro Matsuura kang tau mèlu lelanané Hokkaido ngirimaké laporan marang pamarèntah, lan ngusulaké enem pilihan jeneng kanggo Ezo. Papréntahan Meiji milih jeneng Hokkaidō (きたどう?) minangka pilihan pisanan lan Kaihokudō (うみ北道ほくどう?) minangka pilihan kapindho. Jeneng "Hokkaido" pungkasané dipilih kanggo njenengi Pulo Ezo miturut sistem hukum Ritsuryo kang mbagi wewengkon Jepang dadi Tōkaido (pérangan wétan), Nankaido (pérangan kidul), lan Seikaido (pérangan kulon).

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Hokkaido



Cithakan:Jepang-geo-stub